Minggu, 07 Februari 2021

SEJARAH TEMBANG KINANTHI

1. Kinanthi Gangsa. 

Kata kinanthi yang berasal dari kanthi diberi sisipan ini, menjadi kinanthi, artinya : dikanthi, digandheng, disertai, ditemani. 

Tembang kinanthi sifatnya: mengandung makna pengharapan gandrung. Bermakna membawa atau menyertai dan diciptakan oleh Sultan Adi Erucakra. Gunanya: mengungkapkan rasa susah karena cintaAdapun guru lagu dan guru wilangannya adalah sebagai berikut: 

Kang titis panabuhipun

Ririh arampak weradin

Rebabnya nyendari ngangkang

Pamathete dhemes wasis

Ngaleler nges wiletira

Lakune gangsa lestari.


Kendhang teteh anarunthung

Swaranya salin sumalin

Jejeg ajeg wiramanya

Gender gumreneng gumrining

Nyupak aumruwung bumbungnya

Gambang lebak mbanyu mili.


Kempul pindha gemak melung

Dumeling pangliking suling

Tetep panutuping raras

Lir kedhasih ngasih-asih

Gender panerus pinjalan

Amemba tirta naritis.


Saron barang pancer barung

Garempung umyung ngempyung

Cethane lamun priyangga

Cinaruk-caruk kumrincing

Demung dumunung wirama

Mangungkung cengkok ngugeri.


Gong suwukan sru ambaung

Salenthem ulem ngalebi

Bonang geng dadya manggala

Ngracik sarwi nuntun gendhing

Bonang panerus lir imbal

Kumrecek swara nikeli.


Anggrung swaraning panembung

Kang dadya bebahuning gendhing

Kenong golong gegolongan

Gambang gangsa cumarengkling

Kemaruk ngenaki nala

Lir walang angkup ngalebi.


Gong jumeglug mandul-mandul

Dangu dennya ngumbak warih

Kethuk mathuk ing thuthukan

Kecer ngecer mawor gendhing

Ketipung nuntun wirama

Kempyang munya swara mencil.


Pesindhen estri swararum

Cengkok mulat mangulatsih

Ceples larasing pradangga

Senggak sigrak ganti-ganti

Gerong ririh swara rampak

Keplok kinarya ngrameni.

(Sumarsono, 2014 : 53)



2. Kinanthi Esuk Mendhung


Esuk mendhung sore mendung

udane tanpa sarenti

mapan lagi nggarap sawah

wayah anggaru ngleleri

wisan gawe sapi sayah

awan dingon pinggir sabin.


Durung tutug nggone nyenggut

kaselak udane prapti

giniring mulih sakala

tujune wis sugih dami

katumpuk cedhak ing kandang

nora samar sapi ngelih.


Si Lasman kesed kalangkung

bubar panen wegah ngarit

saiki tandone bebas

udan deres angon sapi

ora wareg tur kodanan

ora wurung dadi gering.

Wong kesed kepepet

Wong pinter keblinger

Wong goroh growah


3. Kinanthi Gulangen ing Kalbu


Pada gulangen ing kalbu, 

ing sasmita amrih lantip, 

aja pijer mangan nendra, 

kaprawiran den-kaesthi, 

pesunen sariranira sudanen nadhah lan guling.


Dadiya lakunireku, 

cegah dhahar lawan guling, 

lan aja kasukan-sukan, 

anganggowa sawatawis, 

nora wurung ngajak-ajak, 

atemahan ing batin.


Yen wis tinitah wong agung, 

aja sira ngugung diri, 

ywa paliket lan wong ala, 

kang ala lakunireki, 

nora wurung ngajak-ajak atemahan nenulari.

Nadyan asor wijilipun, 

yen kalakuwane becik, 

utawa sugih carita, 

carita kang dadi misil, 

iku pantes raketana, 

derapon mindhak kang budi.


Tafsir dan makna ajarannya :

Berakit-rakit ke hulu, berenang-renang ke tepian, bersakit-sakit dahulu bersenang-senang kemudian. Nasihat ini perlu dicamkan oleh setiap orang. Jangan sampai congkak setelah jadi orang besar. Harus ingat asal usul.


4. Kinanthi Kethek


La si Paing kethek iku,

Esuk-esuk wis metangkring,

Ana ing gawanging lawang,

Nanggo klambi bolong mburi,

Kanggo dalan buntutira,

Noleh kambi ngiwi-iwi.


Tafsir dan makna ajarannya :

Sindiran buat orang malas bekerja. Pagi sore siang malam menjadi beban orang. Tingkah laku yang tak perlu ditiru. Maka harus rajin bekerja. Hemat pangkal kaya, rajin pangkal pandai.


5. Kinanthi Manut Mituhu Asih


Lawan malih wulang ingsun

Margane wong kanggep nglaki

Dudu guna japa mantra

Pelet dhuyung sarat desti

Dumunung ing patrapira

Kadi kawinahya iki.


Wong wadon kalamun manut

Yekti rinemenan nglaki

Piturut margane welas

Mituhu marganing asih

Mantep marganireng tresna

Yen temen den andel nglaki.

(Mangkunegara IV, Serat Darma Wasita)


6. Kinanthi Mbikak Sekolahan


Kapi adreng amba ngidung

kidung santi pudyastuti

mugi-mugi widadaa

pawiyatan dasar nagri

lepata ing sambehala

malah antuka lestari.


Sru gembira manah ulun

de kelampahan samangkin

karsaning njeng pamarentah

pawiyatan dasar ngriki

binuka kanthi pahargyan

kathah kang sami ngestreni.


Prasetyamba jroning kalbu

sakawasa nedya ngudi

kemajenganing pawyatan

njangka ajuning nagari

mugi dadya ing parasdya

sedyamba nggrayuh utami.


7. Kinanthi Mideringrat


Midering rat angelangut

Lelana njajah negari

Mubeng tepining samodra

Sumengka hanggraning wukir

Hanelasak wanawasa

Tumuruning jurang trebis.


Sayekti kalamun suwung

Tangeh miriba kang warni

Lan sira pepujaning wang

Manawa dhasaring bumi

Miwah luhuring akasa

Tuwin jroning jalanidi.


Iku ta sapa kang weruh

Nanging kiraning tyas mami

Sanadyan ing tri bawana

Anaa kang madha warni

Maksih sumeh semu sira

Lurus larase respati.

Myang dedeg pangadegipun

Sedheng sedhet amantesi

Sembada genging sarira

Lelewane milangoni

Wiraga raga karana

Murweng dyah Hyang Hyanging bumi.


Manis gapyak lukita rum

Dhemes luwes merak ati

Susila tyase ngumala

Solahe nyudarawerti

Juwawut geng kang salaga

Pari-kudu sun ngengeri.


Kadereng kudu andarung

Kumedah dadia abdi

Nira sang kalengkaning dyah

Kang mardu martameng dasih

Asih mring kula wiyoga

Yogane kang ngusadani.

(Serat Manuhara, Mangkunegara IV)


Tafsir dan makna ajarannya :

Serat Manuhara melukiskan cinta sejati pada kekasihnya. Seolah-olah dunia seisinya tak ada yang menyamai. Lukisan yang begitu indah dan estetis. Kerap dikutip oleh pengrawit dan pesinden. Pilihan kata, diksi dan estetika memang menyentuh rasa.


8. Kinanthi Mirah Ingsun


Punapa ta mirah ingsun

Prihatin waspa gung mijil

Tuhu dahat tanpa karya

Sengkang rinemekan gusti

Gelung rinusak sekarnya

Sumawur gambir melathi.


Upama tyase mangun kung

Mulat ing sira dyah ari

Sayekti melu mangarang

Telasing riris gumanti

Ingkang taranggana sumyar

Remeng dening salah kapti.


Marwanta mangrurah gelung

Lintange merang ningali

Mring langening kiswantara

Miwah kidang-kirang isin

Miyarsa ing swaranira

Si kidang umpetan tebih.


Tuwin kombang-kombang gung kung

Miyarsa swaranta yayi

Kadi merange si kidang

Anampa liringireki

Mangkana susahing kombang

Malah tyasira lir kanin.


Abot kabotan ing gadhung

Wekasan mungkret amuntir

Mulat anggenira seduwa

Malah molah cengkir gadhing

Kang tiba mring kerakalan

Umpetan mring jurang trebis.


Merang mulat ing prembayun

Pelayune cengkir gadhing

Mendah mulata sadaya

Mung tepine kang pinidih

Kengser dening kasemekan

Merange si cengkir gadhing.

(Serat Bratayuda, R. Ng. Yasadipura I)



9. Kinanthi Panglipur Wuyung


Kinanthi panglipur wuyung

rerenggane prawan sunthi

durung pasah doyan nginang

tapih pinjung nging mantesi

mendah baya yen diwasa

bumi langit gonjang ganjing.


Lelewane gawe gandrung

kincange alis weh brangti

ulat galak nggugah brangta

liringe angasmarani

wiraga maweh wigena

ngujiwate milangoni.


10. Kinanthi Panjang Yuswa


Pinanjangna umuripun,

Tinebihna ing sesakit,

Kalisa ing sambikala,

Aywana kang ngriribedi,

Tinunggua kasarasan,

Kasenengan ing salami.


Tafsir dan makna ajarannya :

Ucapan selamat ulang tahun, semoga sehat dan murah rejeki. Tidak ada aral melintang dan selalu mendapat keselamatan. Bahagia selama-lamanya.


11. Kinanthi Perpisahan


Sugeng rawuh matur nuwun

pra sadherek kakung putri

rene samya kasdu kerta

mbucal wekdal angrawuhi

pepanggihan perpisahan

pepamitan para murid.


Mahyakken raosing kalbu

raos bingah tuntung sedhih

sedhih pan arsa tinilar

kadang tunggil saasrami

mung apura ing apura

mrih tentrem sajroning ati


Marang ingkang samya lulus

klebet ing ujian akhir

sun asung pamudyas tawa

widada dadi pamardi

murid pamulangan Dasar

yekti pakaryan utami.



12. Kinanthi Sarana Luhung


Saranane wong yen luhung

Betah tapa kurang guling

Elinga solah jatmika

Yen wacana kudu manis

Murih sengseme sasama

Sama-samaning dumadi.


Murih narima ing kalbu

Budine kang den bawani

Wenganing tyas sukarila

Badane kabawah sami

Sabiyantu nut sakarsa

Tan rekasa kang pinardi.


Tafsir dan makna ajarannya :

Untuk menuju keluhuran sebaiknya mengurangi nafsu hedonisme. Kurangi sifat tamak, serakah, angkara murka. Lebih baik meningkatkan kualitas diri.


13. Kinanthi Sedya Utami


Ywa kongsi ginggang sarambut

Ciptaning driya utami

Sakathing sambekala

Kang tumanduk nyulayani

Dadi boreh ingkang sedya

Wuwuhe nugraheng Gusti


Kalamun darbe panggayuh

Elinga purbaning Widhi

Kanthiya sabar santosa

Aywa katungkul ing pamrih

Mundhak andedawa lampah

Paran sedyanira yekti.


Tafsir dan makna ajarannya :

Cita-cita diwujudkan dengan kerja keras, tlaten, usaha benar. Jangan putus asa. Harapan pada masa depan masih cerah. Masih ada esok.


14. Kinanthi Serat Rama


Nalikane rohing dalu

Wong agung mangsah semedi

Sirep kang bala wanara

Sedaya wus sami guling

Nadyan ari sudarsana

Wus dangu nggenira guling


Kukusing dupa kumelun

Ngeningken tyas sang apekik

Kang kawengku sagung jajahan

Nanging sanget angikibi

Sang Resi Kanekaputra

Kang anjok saking wiyati


Teka ndadak melu-melu

Kaya budine wong ceplik

Lali lamun kalokengrat

Tri bawana amurwani

Mustikaning jagad raya

Dhemen lalen sangga runggi


Tafsir dan makna ajarannya:

Tengah malam yang hening sunyi cocok untuk semedi. Mengheningkan cipta dengan ngobong dupa membuat pikiran tenang. Segala permohonan pada Tuhan terkabul.


15. Kinanthi Silaturahmi


Ing ari menika nuju

amengeti Hariadi

ing tanggal sapisan Sawal

taunira hijrah kaping

sewu sangang atus sapta

resi sirna trus manunggil.


Sasampunira manungku

Nglampahi siyam sesasi

Nutupi babahan sanga

Mekak napsunireng dhiri

Meleng manunggaling cipta

Mligi nut karsaning Gusti.


Babaring satapanipun

Nyarengi dina Riadi

Asuka syukur ing Allah

Putus ujian Ilahi

Mugi amurakabana

Ing umat Islam sesami.


16. Kinanthi Surya Candra


Surya candra lawan daru,

Myang kartika iku sami,

Gung kaliwat padangira,

Datan ana kang madani,

Nanging isih kalah padang,

Yen katandhing ninging ati.


Tafsir dan makna ajarannya :

Hubungan yang tulus antara suami dan istri dilukiskan dalam bentuk tembang kinanthi ketawang ganda mastuti. Lagu ini cocok buat acuan para pengantin, supaya renteng reruntungan, guyub rukun, bersatu padu.


Srepeg

Saron imbal ganti-ganti kendange ngaplak

Nuntun wirama jejek ajek wiramane 

Bonang nglunyu amantesi

Kenong titis tuduh margi

Kempule ngungkung umyung

Yekti tan amboseni.


Demung dumunung wirama

Slentheme marem nem ngelebi

Gambang mblebek mbanyu mili

Rebab ngangkang angresepi

Gender gumarenggeng gumrining

Geronge rampak sigrak

Yekti amimbuhi.


17. Kinanthi Trah Joyo Suwarso - Muhtarom


Kumpule trah guyub rukun

Dina becik Idul Fitri

Bani Muhtarom sedaya

Joyo Suwarso puniki

Ing tekad padha manunggal

Rakete silaturahmi


Susukan papan ing dhusun

Nyatane pancen ngangeni

Akeh sawah lan tanduran

Banyu mili seger bening

Hawa adhem sarwa penak

Ayem tentrem jroning ati


Wetane gunung Merbabu

Gedhang tela jagung pari

Ijo royo-royo endah

Ana gumuk alas kali

Ing kabupaten Semarang

Susukan sangsaya asri


Kumricik ing Kali Jambu

Welut lele wader sili

Kanggo lawuh enak eca

Ayam bebek kebo sapi

Esuk sore ing tegalan

Bareng lan ocehing peksi.


Aneng gumuk Jaga Satru

Sarta gumuk Ganda Suli

Sarana suka wisata

Saking kutha bali mudik

Wektu liburan lebaran

Badan sehat waras wiris.

(Sabtu Kliwon, 9 Juli 2016)



18. Kinanthi Tukang Kayu

Bapak dadi tukang kayu,

Masah mecel natah nggraji,

Pirantine rupa-rupa,

Ana kang gede lan cilik,

Keprungu sedina-dina

Tok-tok, sreg-sreg, bola-bali.


Kabeh pirantine mau, 

Winadhahan kotak cilik,

Petel pasah lawan tatah,

Yen kethul ingasah nulia,

Grajine ora diasah.

Mung dikikir ngati-ati,


Unceg paedahe iku,

Piranti kanggo mbolongi,

Yen ngukur nganggo meteran,

Linempit kena disaki,

Gawehane rupa-rupa:

Meja kursi lan lemari


Tafsir dan makna ajarannya :

Kesibukan tukang kayu yang sedang bekerja membuat kursi, meja, lemari, dhingklik dan perabot rumah tangga. 

Telah tersedia tatah, gergaji, kikir, pasah. Semua diwadahi kotak. Ketelitian bekerja beserta profesionalisme seperti makna tembang kinanthi.

Oleh Dr Purwadi, M.Hum.

Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA.

Hp. 087864404347

Tidak ada komentar:

Posting Komentar