Minggu, 07 Februari 2021

SEJARAH TEMBANG ASMARANDANA

  

1. Asmarandana Serat Rama. 

Kata Asmaradana yang berasal dari: asmara + dana dan berarti cinta + memberi = senang memberi. 

Tembang asmaradana sifatnya: sengsem, marah, dendam. Bermakna Kasengsem dana dan diciptakan oleh Kanjeng Sunan Giri Kedaton. Gunanya : mengungkapkan rasa susah karena cintaAdapun guru wilangan dan guru lagunya adalah sebagai berikut: 


Sumrek kang bala lumaris

Budale saking Semarang

Asri tinon gegamane

Akeh warnane kang bala

Wong  sabrang lan wong Jawa 

Swarane asri gumuruh

Kadya ombaking samodra.


Tafsir dan makna ajarannya :

Pelukisan wadyabala dari wilayah Semarang. Cara bercerita mirip dengan deskripsi budhalan. Memakai kata bala lumaris, lir samudra pasang, sigra bidhal dan gumuruh. Gambaran tentang semangat prajurit bertugas.



2. Asmaradana Katresnan lir Tirta


Empaning katresnan nini

Pan kadi ilining tirta

Angayahi barang gawe

Ing satindak tandukira

Sayekti karya suka

Lamun dadi seling surup

Iku empaning angkara.


Tafsir dan makna ajarannya :

Cinta kasih sejati perlu dipupuk terus. Pasangan hidup yang rukun rejekinya mengalir. Hindarilah godaan yang menyesatkan. Hati harus teguh kokoh.


3. Asmaradana Pepali Ki Ageng Sela


Poma sira aja drengki

Dahwen marang ing sasama

Sama den arah harjane

Harjane wong aneng dunya

Dunya tekeng akerat

Akerate amrih lulus

Lulus dennya mengku nikmat.


Nikmat rasane ing ati

Ati pan ratuning badan

Badan iku sajatine

Pan iku ingaran kudrat

Kudrat Karsaning Allah

Allah ingkang Maha Agung

Luhur tan ana pipindhan.


Padha kawruhana yekti

Yektine ngelmu sarengat

Sarengat awit kang gedhe

Panggedhening ngelmu nyata

Nyatane neng sarengat

Sarengat den amrih tutug

Tutug marang ing Kakekat.


Kakekate ngelmu jati

Jati sagunging upama

Upama kang katon kabeh

Kabeh iki aneng dunya

Dunya timbanging kerat

Ngakerat dina ing mbesuk

Mbesuk iya dadi dunya.


4. Asmaradana Serat Damarwulan


Anjasmara ari mami

Mas mirah kulaka warta

Dasihmu tan wurung layon

Aneng kutha Prabalingga

Prang tandhing lan Wuru Bhisma

Kariyamukti wong Ayu

Pun Kakang pamit palastra


Wus bejane awak mami

Tan tulus pangestuning tyas

Dhasar gembeng wong acingeng

Aja gawe wirang Bisma

Mara age patenana

Eman-eman dhuh Wong Bagus

Yen mengko nganti palastra


Iba dukaning narpati

Ratu ayu Majalengka

Yen sira nemahi layon

Mbenjang yen ingsun kepanggya

Paran matur manira

Mesthine ingsun katempuh

Mangka pepulihing duka.


Sira sun anggep pangarih

Murih careming asmara

Mariya nggonku wirage

Prabu kenya nuli prapta

Nusul nggoningsun nendra

Sun kudang aneng jinem rum

Sung rungrum amanuhara.


Tafsir dan makna ajarannya :

Lagu asmaradana amat terkenal. Kerap digunakan untuk resepan, gerongan dan ura-ura. Isinya kisah asmara Damarwulan pada kerajaan Majapahit. Romantika kisah-kasih yang melegenda. Cerita ini dari awal sampai akhir menampilkan adegan humor, lucu, segar dan menghibur. Dulce et utile, tontonan yang menyenangkan dan berguna.


5. Asmaradana Warayatna


Pratikele wong akrami

dudu brana dudu rupa

amung ati paitane

luput pisan kena pisan

yen gampang luwih gampang

yen angel angel kalangkung

tan kena tinambak arta


tan kena tinambak warni

ugerira wong akrama

amung eling paitane

eling kawisiseng priya

tan kena tininggala

kurang titi kurang emut

iku luput ngambra-ambra


wong lali rehing akrami

wong kurang titi ngagesang

wus wenang ingaran pedhot

titi iku kang temenipun

ilang namaning akrama


iku wajib kang rinukti

apan jenenging wanodya

amung eling dandanane

lamun kareh, ing wong lanang

aling maring parentah

nastiti wus duwekipun

yen ilang titine liwar


pedhot liwaring pawestri

tan ngemungken wongajina

ya kang ilang nastitine

wong pedhot nderodhot mbedal

kendhali kang den manah

(Paku Buwana IX, Serat Warayatna)


6. Asmaradana Wasita Rini


Jatine wasita rini

Ing jaman kuna lan mangkya

Yekti tan ana bedane

Karone arsa rumeksa

Marang para wanita

Mrih suci miwah rahayu

Luputa ing sambe kala


Bedane ing jaman mangkin

Kang aran jaman mardika

Saliring dumadi kabeh

Suwala marang wasesa

Tan karsa pinurbeng lyan

Mangkono estu tan purun

Ginawe sakarsa-karsa


Elinga para pawestri

Mardika iku jarwanya

Nora mung lepasing pangreh

Nging uga kuwat kuwasa

Amandhiri priyangga

Wit saka iku den emut

Wenang lan wajib tan pisah.

(Wasita Rini, Ki Hajar Dewantara)



7. Asmaradana Wayah Bengi


Dhek samana wayah bengi,

Petenge kamoran udan,

Baledheke tansah dhar-dher,

Atiku ora kepenak,

Amung tansah trataban,

Kowe pijer kagum-kagum,

Menengmu mung yen takemban,


Tafsir dan makna ajarannya :

Menggambarkan seseorang yang sedang mengasuh anak. Suasana sedih, hujan lebat, anak menangis, guntur meledak. Tapi harus tetap sabar dan telaten.

8. Asmaradana Wong Akrami


Gegarane wong akrami

Dudu bandha dudu rupa

Amung ati pawitane

Luput pisan kena pisan

Yen gampang luwih gampang

Yen angel angel kelangkung

Tan kena tinumbas arta


Tafsir dan makna ajarannya :

Orang berumah tangga harus mantap hatinya. Tidak boleh gampang goyah oleh godaan. Itu sulit-sulit gampang. Jangan mengandalkan kekayaan.

Oleh Dr Purwadi, M.Hum.

Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA.

Hp. 087864404347

Tidak ada komentar:

Posting Komentar