Minggu, 07 Februari 2021

SEJARAH TEMBANG PANGKUR

  

1. Pangkur Serat Rama 

Tembang pangkur banyak digunakan untuk medhar piwulang atau mengajarkan nasehat buat anak cucu. Dari akronim atau jarwa dhosok tembang pangkur diberi makna apa-apa kang mungkur yang berarti segala kehidupan duniawi sudah ditinggalkan. Tembang pangkur sifatnya: gandrung, tegang. Gunanya untuk memberi peringatan. Bermakna buntut dan diciptakan oleh Murcapada. Contoh tembang pangkur beserta guru lagu dan guru wilangannya:


Rawana girang sesumbar,

Heh Subali iku sidamu mati,

Munyuk-bejunjak-bejunjuk,

Monyet liwat ngalunjat,

Tuwa buru baribin suka babruwun,

Alasan datanpa dangka,

Kethek nistha dama nistip.


Tafsir dan makna ajarannya :

Adegan perang antara Rahwana dengan Subali dilukiskan dalam tembang pangkur. Rahwana menghina Subali sebagai kera hutan, nistha, jelek, buruk, bodoh, tanpa harga diri. Maka lebih baik dibunuh saja. Tapi ternyata Subali jauh lebih sakti. 

Prabu Rama diminta untuk membantu narpati Sugriwa. Kakaknya yang bernama Subali telah merebut haknya. Oleh karena itu bantuan raja Pancawati diharapkan sekali oleh Raja Guwa Kiskendha. Kelak keduanya berkoalisi untuk menyerbu negeri Alengka.

Rama Wijaya menyanggupi permohonan Sugriwa. Nantinya Subali pun terbunuh. Anoman menjadi duta Prabu Rama Wijaya. Panglima kerajaan Pancawati yang terkenal sakti mandraguna.

Dalam berbagai kesempatan Anoman mencoba untuk mendudukkan diri antara konflik Sugriwa – Subali. Tapi dia merasa nyaman menjadi duta Prabu Rama. Dia jadi bintang yang dipuja-puja.

Anoman mengamati konflik pamannya. Dalam hati kurang berkenan. Cek-cok antara keduanya kurang bermutu. Anoman tidak rela dalam hati Sugriwa Subali mesthi introspeksi.

Resi Subali mendapat musuh yang tangguh. Dialah Prabu Rama Wijaya. Sebelumnya  salah kira. Rama dianggap gampang. Perkiraan ini mleset. Subali dapat dikalahkan. Rama unggul.

Peperangan di Alengka sangat dahsyat. Para raksasa diserang oleh Anoman. Taman Argasuka dibakar. Alengka kacau balau. Anoman mendapat hasil yang gemilang.

2. Pangkur Caping  Gunung


Saben bengi nyawang konang

Yen memajang mung karo janur kuning

Tembang wae weton gunung

Pacitan sarwi jenang

Panas udan aling-aling caping gunung

Najan wadon sarwi lanang

Inumane banyu bening.

(Gesang)


Tafsir dan makna ajarannya :

Lagu Caping Gunung ini karya Gesang. Komponis legendaris yang mengarang Bengawan Solo. Lagu ini amat terkenal. Banyak dipakai waranggana dan wiyaga.

3. Pangkur Hasta Brata

Lampahe Bathara Endra 

Ngudanaken wewangi ing sabumi

Dana sumebar sumawur

Maratani sajagad

Kawaratan gung alit sawadyanipun

Pan ora amilih janma 

Lakuning Endra sayekti


Iku yayi lakukena

Sawadyane kabeh kamot ing bumi

Dening Yama lampahipun

Milara krama ala

Wong durjana ing praja kabeh linebur

Nora ketung kadang warga

Yen durjana den pateni


Barang kang laku dursila

Ingupaya kabeh den osak-asik

Sanggone ingungsi tinut

Kacandhak pinatenan

Reregeding praja pinrih biratipun

Mangkono Bathara Yama 

Nggoning rumekseng praja di


Maling memalaning praja

Pinrih ilang dursila ngreregedi

Angundhangi wadyanipun

Tan kena olah ala

Ingkang sandhing panggawe ala tinundhung

Kang ala wus pinatenan

Sajinise tumpes tapis


Kang jinis panggawe ala

Lah anggonen Bathara Yama yekti

Surya kaping tiganipun

Lakune paramatra

Ngudanaken sabarang reh arum-arum

Amanjingaken rerasan

Asrep ingkang den tetepi


Tan galak nutut sakarsa

Tan karasa wadya pinrih ing becik

Tan ana rerengunipun

Sumusup amrih kena

Ingkang pinrih rinasan rerasan alus

Pangingsepe reresepan

Kesesep kena kang pinrih


Tan age saliring karsa

Nadyan mungsuh tyase kena pinulih

Tan katenger pan rinasuk

Pangingsepe sarasa

Kang kaping pat Bathara Candra ing laku

Apura sarananira

Amenuhi ing sabumi


Mrih eca isining praja 

Ing pangrehe wewangi lan memanis

Sawuwu amanis arumi

Saulat parikrama 

Ngguyu-ngguyu eseme winor ing tanduk

Satindak datan rekasa

Mung marentahken memanis


Ambek santa sabuwana

Trus ing manah marta-marta memanis

Sangsaya sru arum-arum

Asih sagung pandhita

Kaping lima lampahe Bathara Bayu

Anginte pakaryaning rat

Budining rat den kawruhi.


Tanpa wangen tanpa tengran

Nggening amrih met budining dumadi

Kena kabudayanipun

Ing reh datan kawruhan

Bisa amet budining wadya sawegung

Dursila mulya kawruhan

Sasolahing wadya keksi


Sinambi angupa boga

Myang busana agung mangun kamuktin

Tan ana antaranipun

Mrih kasukaning bala

Amemaes saparayoganing wadu

Sertanggung tyase sinuksma 

Gunane yuwana pinrih


Ing tyas datan kena molah

Sapolahe kabeh wus den kawruhi

Dibyandana dana tinut

Lampah susila arja

Wus kakenan jagad kautamanipun

Mangkono Bayu lampahnya

Iya engeten sayekti


Kaping nem Sang Hyang Kuwera

Anggung mukti boga sarya ngenaki

Tan anggepok raganipun

Namakaken sarana

Kang wus kinon amusthi pasthining laku

Amung pracaya kewala

Denira tan amrih silih


Gungning praja pinarcaya

Dananya sru kayekten den ugemi

Nora ngalem nora nutuh

Samoha sinasama

Rehning sukprah kabeh kawiryan wus sinung

Tan wruh ing upaya sira

Tuhuning pribadi pinrih


Kasaptanira Baruna

Anggung ngagem sanjata lampahneki

Bisa besukining laku

Amusthi ing wardaya

Guna-guna kagunan kabeh ginelung

Angapus saisining rat

Putus wiweka kaeksi


Angapus sagung durjana

Sedhih kingkin dursila-sila juti

Saisining rat kawengku

Kesthi kang ala arja

Tempuh ing sarana datan kegah-keguh

Kukuh kautamanira

Tuladen Baruna yekti


Bratane Bathara Brama

Ngupa boga sawadyane gung alit

Kabeh galak maring mungsuh 

Bisa basaning wadya 

Sirna parangmuka kaparag kapusus 

Garwane ni Rarasati

(Kyai Yasadipura, Serat Rama)


Tafsir dan makna ajarannya :

Tembang di atas mengandung ajaran tentang kepemimpinan, pemerintahan, dan kenegaraan. Sukses seorang pemimpin ditentukan oleh kemampuannya dalam mengelola anak buah. 



4. Pangkur  Kalinyamat


Nimas Ratu Kalinyamat

Tilar wisma sumengka angganing wukir

Tapa wuda sinjang rambut

Aneng gunung Danaraja

Apratiknya tan arsa tapihan ingsun 

Yen tan antuk adiling Hyang 

Patine sedulur mami

(Babad Tanah Jawi)


Tafsir dan makna ajarannya :

Ratu Kalinyamat adalah putri Sultan Trenggana, raja Demak. Beliau bersumpah tidak akan berbaju sebelum Arya Penangsang terbunuh. Ratu Kalinyamat kecewa karena keluarganya dihabisi Arya Penangsang.

Saat bertapa Ratu Kalinyamat membaca mantra sakti yang diajarkan oleh para wali. Pangkur Kala Singgah ini sebenarnya bentuk mantra sakti. Semua makhluk halus yang mengganggu akan menyingkir. Hewan melata berbisa akan menghilang. Hendaknya mantra ini digunakan saat mara bahaya datang.



5. Pangkur Kembar Mayang


Werdining cepaka mulya

Kembar mayang rinakit mrih respati

Roning adong werdinipun

Tansah jejeg adegnya

Sri temanten nggennya mangun brayatipun

Kalisa godha rencana

Manggiha hayu basuki


Janur kuning kang winarna

Kencar-kencar prabane anelahi

Pindha surya lan sutengsu

Wimbaning bale wisma

Sri temanten atut runtut brayatipun

Sumrambah marang bebrayan

Rahayu salami-lami


Kembang kanthil winursita

Warna putih lambanging ati suci

Suci murni tresnanipun

Tansah manunggal karsa

Cipta rasa miwah sagung sedyanipun

Mrih tentreming kulawarga

Linambaran tresna jati.


Sekar mayang nyebar ganda

Ngambar-ambar wangine rumesep ati

Akarya tentreming kalbu

Anyawabi kadang warga

Mitra dasih sumrambah bebrayan agung

Pindha mayang nyebar ganda

Ngambar arum amrik wangi.


Rumuntuning pangrumpaka

Kang kinarya makuthaning puspita di

Pepindhane song-song agung

Pala anetya sasra

Kasunyatan amung nanas wujudipun

Pasemoning kaprayitnan

Waspada sabarang kardi.

(Irwan Sujono, 1995)

Tafsir dan makna ajarannya :

Tembang ini memberi ajaran kepada sepasang pengantin yang mau menjalani bahtera kehidupan. Untuk mencapai keadaan rumah tangga yang utama perlu diketahui hak dan kewajiban secara wajar.  Dalam tembang tersebut diberikan makna ajaran secara simbolis. 

6. Pangkur Layaran


Si Amir melu layaran

Nunggang prau kang aran kapal api,

Labuh ing tengahing laut,

Adoh saka babagan.

Akeh prau cilik-cilik pada ngumpul,

Amir ngadeg ing daratan.

Nuli ana prau cilik.


Tafsir dan makna ajarannya :

Cerita suka ria ini cocok untuk bacaan anak. Ada unsur alam, laut, perahu, daratan dan orang bekerja.



7. Pangkur Mardi Siwi


Mingkar mingkuring angkara,

Akarana karenan Mardi siwi,

Sinawung resmining kidung.

Sinuba sinukarta,

Mrih ketarta pakartining ngelmu luhung

Kang tumrap ing tanah Jawa,

Agama ageming aji.


Jinejer neng Wedhatama 

Mrih tan kemba kembenganing pambudi

Mangka nadyan tuwa pikun.

Yen tan mikani rasa, 

Yekti sepi asepa lir sepah samun,

Samangsane pasamuan gonyak ganyuk nglilingsemi.


Nggugu karsane priyangga,

Nora ngganggo peparah lamun angling,

Lumuh ingaran balilu,

Uger guru aleman,

Nanging janma ingkang wus

Waspadeng semu

Sinamun ing samudana,

Sesadon ingadu manis.


Si pengung nora nglegawa,

Sangsayarda denira cacariwis,

Ngandhar-andhar angendhukur, 

Kandhane nora kaprah,

Saya elok alangka longkanganipun,

Si wasis waskitha ngalah,

Ngalingi marang si pingging.

(Mangkunegara IV, Serat Wedhatama)


Tafsir dan makna ajarannya :

Untaian ajaran luhur buat putra-putri telah disusun oleh Mangkunegara IV dalam kitab Wedhatama. Bahasanya indah, isinya mentes. Makna filosofis yang tinggi cocok buat kajian rohani. Mangkunegara IV menghargai kualitas intelektual, material dan spiritual.


8. Pangkur Ngimpi


Ngumbara ing awang-awang

Angelangut  bebasan tanpa tepi

Narabasing mega mendung 

Mubeng ngideri jagat

Ngulandara lelana ngunggahi gunung

Katungkul ngumbar gagasan

Satemah ginawa ngimpi


Tafsir dan makna ajarannya :

Mimpi yang membawa pikiran terbang melayang, menerobos awan gemawan. Jauh tiada tepi sampai berkelana di jagad raya. 



9. Pangkur Pakarti Bener

Sapakang nora karasa

Ing pakarti bener kalawan becik

Iku wuta uripipun

Tan weruh ing papadhang

Satindake yekti amung numbuk numbuk

Dunung pamareming driya

Ana barang kang sinandhing.


Tafsir dan makna ajarannya :

Orang bekerja tekun dilandasi semangat kuat akan memperoleh sukses besar. Ketrampilan dan pengetahuan merupakan modal utama.

Wangsalan adalah teka-teki yang diwujudkan dalam bentuk bahasa sandi. Wangsalan sinawung tembang terdapat dalam pangkur merupakan keahlian pujangga dalam menyusun karya. Di dalamnya terdapat isi filosofis yang tajam dan runcing.



10. Pangkur Pawestri


Asta resik sinarbetan, 

Nyi Artati tetanya mring kang siwi, 

“Rara apa wus sumurup, 

arane driji lima, 

myang karepe ing sawiji-wijinipun?” 

“Ibu aku durung wrin.” 

Sang dyah gya rinangkul aglis.


Ingarasan wantya-wantya, 

astanira kang kanan den cepengi. 

“Lah engeta sira masku, 

mulane ginawanan, 

driji lima puniku ta aranipun, 

ing sawiji-wijinira,

jejempol ingkang rumiyin.


Panuduh kaping kalihnya, 

kaping tiga Panunggul ranireki, 

manis ingkang kaping catur, 

jejenthik kaping gangsal. 

Kawruhana mungguh semuning Hyang Agung, 

wong wadon wus ginawanan, 

dalil panganggone estri.


Iku wajib kinawruhan, 

karepe sawiji-waji driji. 

Mula binektan sireku, 

jejempol maring ing Hyang, 

den kajempol ing tyas kinarseng kakung. 

Tegese pol den agampang, 

sabarang karsaning laki.


Mula ginawanan sira, 

ing panuduh aja kumawani, 

anikel tuduhing kakung, 

sapakon lakonana. 

Pramilane ginawanan kang panunggul, 

kakungmu unggul-unggulna. 

Miwah kalamun peparing.


Nadyan thithik nora mantra, 

unggulena gunakayaning laki. 

Mulane sira puniku, 

jari manis ginawan, 

den amanis ulat atanapi tembung. 

Yen ana karsaning priya, 

dhoso besengut ywa nganti.


Ing netya dipun sumringah, 

nadyan lagi rengu jro tyasireki, 

yen ana ngarsaning kakung, 

buwangen ywa katara. 

Marmanira ginawan jejenthik iku, 

dipun athak athik-thikan, 

yen ana karsaning laki.


Karepe athak-athikan, 

den tarampil marang sabarang karti. 

Kalamun ngladosi kakung, 

den ririh lan den kebat. 

Aywa kebat dreg-dregan grobyagan itu, 

kebat seru tur anistha, 

pan rada ngoso ing batin.


Lamun ko-engeti Rara, 

ingsun tanggung wus masthi sira manggih, 

mulya donya akiripun, 

lan aja manah nyimpang, 

kang tumemen den bendunga patang puluh, 

aja gumingsir tyasira, 

den trus lair tekeng batin.”


Rancangkapti duk miyarsa, 

sampun tampi cinancang pulung ati, 

matur maring renanipun, 

“Dhuh ibu pangestunta, 

muga-muga pinarengna ing Hyang Agung, 

bisa nglakoni kang dadya, 

karepe dariji gati.”

(Paku Buwana V, Serat Centhini)


Tafsir dan makna ajarannya :

Lima jari itu punya makna filosofi. Mulai dari jari kelingking, jari manis, jari penunjuk, jari panggul dan ibu jari. Kelimanya punya tugas dan fungsi yang berlainan. Kerjasama antara kelimanya memang perlu.



11. Pangkur Sholawat Badar


Limang wektu sholat ira

Isya subuh luhur asar sarta maghrib

Iku aja kongsi kantun

Awit bakal dipriksa

Saderenge dipun tliti amalipun

Lamun jangkep sholat ira

Mulya ndonya tekeng pati


Tafsir dan makna ajarannya :

Sholat lima waktu menjadi kewajiban setiap muslim. Isya, Subuh, Duhur, Asar dan Magrib merupakan akronim ISLAM. Agama yang membuat suasana aman damai.



12. Pangkur Togog Teja Mantri


Lah sira iku wong apa

Wanuh wani malebu ing wanadri

Enggal ngakua cah bagus

Lan sapa aranira

Miwah ngendi ingkang dadi pinangkamu

Wani mlebu jroning alas

Iki kyai Teja Mantri


Tafsir dan makna ajarannya :

Togog atau Kyai Teja Mantri adalah panakawan para raksasa atau bala sabrang. Setiap bertugas dia ditemani oleh kawannya yang bernama Bilung Sarawita. Kedua orang ini terkenal lucu dan pragmatis. Mereka bersemboyan hidup asal enak dan perutnya kenyang. Sebenarnya Togog merupakan kakak kandung Kyai Lurah Semar. Tapi kedua bersaudara ini berbeda pandangan. Togog penasihat raksasa, sedangkan Semar penasihat para satria utama.



13. Pangkur Wirya Arta Winasis


Kang mangkono iku tandha

Yen janma diweruh wajibing urip

Nggugu wulang nut ing kukum

Tetep nora kamalan

Arep mangan gelem nyambut karyanipun

Kang utang esah sanyata

Kang kalal ing lahir batin.


Bonggan kang tan merlokena

Mungguh ugering ngaurip

Uripe lan tri prakara

Wirya arta tri winasis

Kalamun kongsi sepi

Saka wilangan tetelu

Telas tilasing janma

Aji godhong jati aking

Temah papa papariman ngulandara.


Tafsir dan makna ajarannya :

Orang hidup sudah sepatutnya mempunyai ketrampilan, kepandaian, dan kekayaan. Dengan harapan dirinya akan diperhitungkan dalam pergaulan. Dengan belajar dan bekerja tekun seseorang akan dihormati.

Oleh Dr Purwadi, M.Hum.

Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA.

Hp. 087864404347

Tidak ada komentar:

Posting Komentar