Minggu, 07 Februari 2021

SEJARAH TEMBANG PUCUNG

  

1. Pucung Cangkriman. 

Tembang pucung cocok untuk menyampaikan ajaran budi pekerti luhur. Suasana tembang pucung memang riang gembira. Tembang pucung sifatnya: mempunyai makna seenaknya, bersendau gurau.

Pucung bermakna kluwak, pucuk dan diciptakan oleh Kanjeng Sunan Gunungjati. Gunanya: untuk kelakar, teka-teki lucu, petuahContoh tembang pucung:

Bapak pucung cangkeme madhep mandhuwur

Sabane ing sendhang

Tumpakake lambung kering

Prapteng wisma si pucung mutah guwaya


Bapak pucung dudu watu dudu gunung

Dawa kaya ula

Ancik-ancik wesi miring

Lunga teka si pucung ngumbar suwara


Bapak pucung gedhene meh padha gunung

Sabane ing sabrang

Titihane sang bupati

Yen lelana si pucung lembehan grana


Tafsir dan makna ajarannya :

Cangkriman adalah bentuk teka-teki Jawa. Disampaikan dengan humor segar, menghibur dan lucu. Banyak unsur pendidikan yang bermanfaat. Cocok untuk proses pembelajaran. Santai tapi serius.


2. Pucung Gugur Gunung


Gugur gunung gotong royong sambang srawung

Ing pakaryan praja

Ayo rowang dha nandangi

Guyub rukun murih mulyaning negara


Tafsir dan makna ajarannya :

Gugur gunung, kerja bakti, sambatan, gotong royong adalah bentuk solidaritas sosial yang sudah berlangsung turun-temurun. Semua demi kesejahteraan bersama dalam hidup berbangsa dan bernegara.


3. Pucung Mangu


Mandheg mangu si kancil ing lampahipun,

sakedhap angungak,

sigra denira andhelik,

ngulap-ulap si kancil sadangunira.


Mangu mangu si kancil kendel adangu,

ngudi keng wardaya,

yen nyata manusa yekti,

pesthi obah lunga saking ing panggonan.


Iku dudu sutingali nora maju,

eca malangkadhak,

mulya ana angin midid,

mayug-mayug wewedi lir jumangkaha.


Kancil gugup andhelik maras kalangkung,

dangu ingantosan,

mayug-mayug tan lumaris,

duh kiteng tyas sumyar gandaning kusuma.


Pan sumawur mekaring pudhak gandarum,

rumabaseng kisma,

maletuk kaken tang tasik,

sumarambah karya barubahing driya.


Lunging gadhung tumiyung pinggir margagung,

lir ngawe-aweya,

atur sekare umiring,

isthanipun lumaku yen pinethika.


Sekar andul kalak kenanga keneng kung,

kedah ingagema,

maring kang amurweng tulis,

semuning kang puspa karaseng wardaya.


Dayanipun kusuma mrih marum-arum,

maresep ri kang tyas,

sekar sumarsana wilis,

tulus arum rarase menuhi grana.


Cipteng kalbu lir sengseming wanodyayu,

yuwaneng bawana,

mangkana kancil andhelik,

nir ing kingkin wekasan suka ing driya.


Pan kapanduk gandaning sekar rum-arum,

kadi manggih retna,

sawukir kancana rukmi,

manggut manggut si kancil sigra maperak.


Mring nggenipun wewedi pasangan pulut,

kang mindha manusa,

parek den iling-ilingi,

estu lamun wewedi dudu manusa.


Kancil muwus kaya manusa rupamu,

memedeni bocah,

teka memarasi kancil, 

dene  ingsun pareki nora ngapa.

(Serat Kancil)


Tafsir dan makna ajarannya :

Cerita kancil di atas memberi pelajaran bahwa akal di atas okol. Tindakan fisik masih kalah dengan akal pikiran jernih. Kancil bisa mengalahkan hewan kuat dan buas. Semata-mata karena kancil pintar. Siswa-siswi hendaknya belajar tekun biar pandai.


4. Pucung Montor Mabur


Montor mabur, montor mabur mabur duwur,

Ngambah awang-awang,

Ngungkuli sawah lan ardi,

Ambok iya aku kena mela nunggang.


Kaya manuk, saya suwe nyamut-nyamut,

Bisa nyawang-nyawang,

Kuta desa lawan kali,

Wah ya seneng, yen aku diajak nunggang.


Tafsir dan makna ajarannya :

Dolanan anak bisa disampaikan dengan tembang pucung. Suasana menjadi bergairah dan segar. Anak-anak bisa tampak riang gembira.


5. Pucung Negeri Loh Jinawi 


Negara gung gumilang kondhang ing kidung

tanah pertanian 

gemah ripah loh jinawi

hasil bumi hasil hutan hasil tambang


Sawah subur dadi kang sarwa tinandur

ladang-perkebunan

kinubeng ilining kali

umbul mudal ikan darat angayangan.


 Linut laut kekoyanan ikan laut

Pasisire lempar, 

Bandar datar makolehi

Lunga – teka prau dagang lelayaran.


Pager gunung bebanjengan manjung-manjung

Pacake weh pacak

Lir pendah nggayuh wiyati

Pagunungan lir lunglungan sesambungan


Iring gunung alas agung liwang-liwung

Grumbul bebondotan

Anggarembel siluk sungil

Rungkud singup wergu penjalin puletan


Keh gurda gung kepuh pule lan kedawung

Trembalo timaha

Medang jati soga pakis

Layak pepak pendelikan sato galak


Nora ngumpul buron wana rina njedul

Akeh warna-warna

Tan kamota yen tinulis

Sawatara kinanda kayata: sima


Kethek lutung wawa biru munyuk kenyung

Kidang lan menjangan

Banteng warak gajah kancil

Ula-sawa celeng genjik blegedepa


Genti rembug yen mung kewan ora gutuk

Ayo padha mawas

Pawewehe Sang Pratiwi

Pinilihan sing gampang kawruh padinan.


Tafsir Maknanya. Serba subur Indonesia sudah kasuwur. 

Zat lemah mawarna

Hasil tambangnya berlimpah ruah. 

Wujud bahan butuhnya perindustrian. Alam harus dilestarikan. 


6. Pucung Panglipur Rasa


Sekar Pucung kanggo tamba ati bingung

Panglipuring rasa

Murih yuwana basuki

Suka sukur awit kersaning Bathara


Tafsir dan makna ajarannya :

Tembang pucung ini disajikan dalam bentuk gendhing ladrang laras slendro. Isinya mengenai hiburan dan berserah diri. Berdendang sambil bekerja.


7. Pucung Pasar Mlathi


Bapak Pucung Pasar Mlathi kidul Denggung

Kricak lor negara

Pasar Gedhe kidul loji

Menggok ngetan kesasar neng Gondomanan


Tafsir dan makna ajarannya :

Belajar peta, geografi dan tempat penting disampaikan dengan lelagon. Biar mudah dihafal dan diterima oleh peserta didik.


8. Pucung Wedhatama 


Ngelmu iku kelakone kanthi laku

Lekase lawan kas

Tegese kas nyantosani

Setya budya pangekese dur angkara.


Angkara gung neng angga anggung gumulung,

Gegolonganira,

Triloka lekere kongsi,

Yen den umbar ambabar dadi rubeda.


Beda lamun kang wus sungsem reh ngasamun,

Semune ngaksama,

Sasamane bangsa sisip,

Saewa sareh saking Mardi martatama.


Taman limut durgameng tyas kang weh limput,

Kerem ing karamat,

Karana karoban ing sih,

Sihing sukma ngrebda saardi gengira.


Yeku patut tinulad tulad tinurut,

Sapituduhira 

aja kaya jaman mangkin,

Keh pra mudha mudhi dhiri rapal makna.


Nora weruh rosing rasa kang rinuwuh,

Lumeketing angga,

Anggere padha marsudi,

Kana kene kaanane nora beda.


Uger lugu den ta mrih pralebdeng kalbu,

Yen kabul kabuka,

Ing drajat kajating urip,

Kaya kang wus winahya sekar srinata.


Basa ngelmu mupakate lan panemu,

Pasahe lan tapa,

Yen satriya tanah Jawi,

Kuna kuna kang ginilut tripakara.


Lila lamun kelangan nora gegetun,

Trima yen ketaman, 

Sakserik sameng dumadi,

Tri legawa nalangsa srah ing Bathara,


Bathara gung inguger graning jajantung,

Jenek Hyang wisesa,

Sana pasenedan suci,

Nora kaya si mudha mudhar angkara.


Nora uwus kareme anguwus uwus,

Uwose tan ana,

Mung janjine muring muring,

Kaya buta buteng betah nganiaya.


Sakeh luput ing angga tansah linimput,

Linimpet ing sabda,

Narka tan ana udani,

Lumuh ala ardane ginawa gada.


Durung punjul ing kawruh kaselak jujul,

Kaseselan hawa,

Cupet kapepetan pamrih,

Tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa.

(Mangkunegara IV, Serat Wedhatama)


Tafsir dan makna ajarannya :

Pembicaraan tentang ilmu laku menjadi tema sentral bagi Mangkunegara IV yang memerintah tahun 1853-1881. Beliau menghendaki adanya keseimbangan antara faktor material, spiritual dan mental. Boleh berpikir global, tetapi berpijak pada gagasan lokal. Keduanya jangan sampai berbenturan. Setelah berusaha tak lupa berserah diri pada Tuhan, biar hati menjadi tenang.



9. Pucung Welinge Pak Guru


Sing arukun heh pra muda siswaningsun

lan pra kancanira

aja demen apradondi

Jogja samya angedohna pasulayan.

Yen kesluru becik ngakoni yen kliru

rukun weh santosa

congkrah bubrah kang pinanggih

ngelingana sapu yen suhe tan ana.


Nadyan besuk poma aja tinggal rukun

lan pra tangganira

atulung-tinulung sami

yen mangkana yekti jenjem uripira.


Crah bubrah, rukun agawe santosa

Mong kinemong, gotong royong satu hati.


Tafsir dan makna ajarannya :

Ajaran tembang di atas menganjurkan agar dalam hidup bermasayarakat seseorang mau  guyub rukun dan sikap saling menghormati. Tujuannya untuk mendapatkan kebahagiaan bersama.

Oleh Dr Purwadi, M.Hum.

Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA.

Hp. 087864404347

Tidak ada komentar:

Posting Komentar