Jumat, 08 Januari 2021

SEJARAH JAPA MANTRA AJARAN WALI SANGA

A. Mantra Drajat Pangkat Semat. 

Wali Sanga di tanah Jawa adalah manusia sakti mandraguna. Syekh Makdum Magribi, Sunan Kalijaga, Sunan Bonang, Sunan Drajad, Sunan Murya, Sunan Gunung Jati, Sunan Giri, Sunan Ampel,  Sunan Kudus mereka berjasa di seluruh warga Demak Bintara.

Kidung mantra sakti diajarkan oleh Wali Sanga untuk mencegah pageblug mayangkara. Wabah dari jagad barat timur utara selatan pergi sendiri. 

Berdirinya Karaton Demak Bintara tahun 1478 didukung Wali Sanga. Pembacaan kidung mantra sakti berdasarkan weton pasaran dan lapanan. Mantra berguna untuk memperoleh kehidupan yang berbahagia dan sejahtera. 

Mantra drajat dihayati oleh para pejabat. Dengan cara nglakoni miturut satataning panembah. 

Untuk para pengusaha mereka gemar menerapkan mantra semat. Supaya keuntungan dagang berlipat ganda. Usaha yang dirintis bertambah maju. Jadi pengusaha yang kaya raya. 

Pangkat menjadi idaman para birokrat yang sedang meniti karir. Mantra pangkat dihayati lewat guru spiritual. Sesepuh menjadi rujukan penerang hati. Semua berharap jauh dari aral melintang. Widada nir ing sambikala. 


Pangkur singgah. 


Singgah singgah kala singgah. 

pan suminggah durgakala sumingkir. 

sing ngaama sing ngawulu. 

sing  ngasuku ngasirah. 

sing ngatenggak lawan kala sing ngabuntut. 

padha sira sumingkira. 

muliha mring asalneki. 


Ana kanung saka wetan. 

nunggang gajah telale elar singgih. 

kullahu barang balikul. 

setan lan brekasakan. 

amuliha mring tawang-tuwang prajamu. 

iblise ywa keri karang. 

rahman kulhu bolak balik. 


Ana kanung kidul sangkanya. 

nunggang gajah telale elar singgih. 

kullahu barang balikul. 

setan lan brekasakan. 

amuliha mring tawang – tuwang prajamu. 

iblise ywa keri karang. 

rahman kulhu bolak balik


Ana kanung kulon sangkanya. 

nunggang gajah telale elar singgih. 

kullahu barang balikul. 

setan lan brekasakan. 

amuliha mring tawang – tuwang prajamu. 

iblise ywa keri karang. 

rahman kulhu bolak balik. 


Ana kanung elor sangkanya. 

nunggang gajah telale elar singgih. 

kullahu barang balikul. 

setan lan brekasakan. 

amuliha mring tawang – tuwang prajamu. 

iblise ywa keri karang. 

rahman kulhu bolak balik. 


Ambalik marang awaknya. 

balik marang jasatira pribadi. 

balik kersaning Hyang Agung. 

tamat pasinggah setan. 

tulak sarap punika gantya winuwus. 

arane sarap den ucap. 

sagung kamasalah sami. 


Wali Sanga mengajarkan ilmu tolak balak. 

Mantra Sinom Segara Asat berguna untuk memberi perlindungan spiritual. Kidungan mantra sakti disebabkan oleh para bupati pesisir, bang wetan dan bang kulon. 


Sinom segara asat. 


Nadyan arca myang segara asat

temahan rahayu kabeh

apan sarira ayu

ingideran kang widadari

rineksa malaikat

sakathahing rasul

pan dadi sarira tunggal

ati adam uteku Baginda Esis

pangucapku ya Musa.


Napasku Nabi Musa linuwih

Nabi Yakub pamyarsaningwang

Yusup ing rupaku mangke

Nabi Dawud swaraku

Jeng Suleman kasekten mami

Nabi Ibrahim nyawaku

Edris ing rambutku

Bagendha Li kulitingwang

Getih daging Abu Bakar singgih

Balung Bagenda Usman. 

Kerajaan Demak Bintara yang berdiri sejak tahun 1478 diperintah oleh Raden Patah Jimbun Sirullah Syah Alam Akbar. Kidung tolak balak diajarkan oleh Wali Sanga guru suci ing Tanah Jawi. 

B. Pengajaran Kidung Tolak Balak. 

Para murid Sunan Kalijaga sejak tahun 1479 diajari ilmu mantra sakti. Mantra Dhandhanggula Rumeksa Ing Wengi digunakan untuk mengusir segala macam rintangan hidup. 

Setiap malam Jumat dibaca kidung tolak balak. Dunia supaya ayem tentrem. Mereka terdiri dari abdi dalem mandra budaya. Secara profesional tugas selalu dijalankan. Demi rahayu sagung dumadi. 

Dhandhanggula Kidungan Sakti. 


1. Japa mantra kinarya palupi

Tinedhakan saking serat kekidungan

Minangka tulak sarike

Angalap berkahipun 

Kanjeng Nabi lan para wali

Poma sagung kang maca

Den samya tuwajuh

Lair batin sedyanira

Ing pangajab pikantuk nugraha asih

Ganjaraning Pangeran


2. Ana kidung rumeksa ing wengi

Teguh ayu luputa ing lara

Luputa bilahi kabeh

Jim setan datan purun

Paneluhan tan ana wani

Miwah panggawe ala

Gunaning wong luput

Geni atemahan tirta

Maling adoh tan ana ngarah mring mami

Guna duduk pan sirna


3. Sakehing lara pan samnya bali

Sakeh ama pan sami miruda

Welas asih pandulune

Sakehing braja luput

Kadi kapuk tibaning wesi

Sakehing wisa tawa

Sato galak lulut

Kayu aeng lemah sangar

Songing landhak guwaning mong lemah miring

Myang pokiponing merak


4. Pagupakaning warak sakalir

Nadyan arca myang segara asat

Temahan rahayu kabeh

Apan sarira ayu

Ingideran kang widadari

Rineksa malaikat

Sakathahing rasul

Pan dadi sarira tunggal

Ati Adam utekku Baginda Esis

Pangucapku ya Musa.


5. Napasku Nabi Musa linuwih

Nabi Yakub pamyarsa ningwang

Yusup ing rupaku mangke

Nabi Dawud swaraku

Jeng Suleman kasekten mami

Nabi Ibrahim nyawaku

Idris ing rambutku

Bagendha Ali kulit wang

Getih daging Abu Bakar singgih

Balung Bagendha Usman


6. Sungsum ingsun Patimah linuwih

Siti Aminah bayuning angga

Ayub ing ususku mangke

Nabi Nuh ing jejantung

Nabi Yunus ing otot mami

Netraku ya Muhammad

Pamuluku rasul

Pinayungan Adam sarak

Sampun pepak sakathahing para nabi

Dadya sarira tunggal


7. Wiji sawiji mulune dadi

Apan pencar saisining jagat

Kasamadan dening dzate

Kang maca kang angrungu

Kang anurat kang  anyimpeni

Dadi ayuning badan

Kinarya sesembur

Yen winacakna ing toya

Kinarya dus rara gelis laki

Wong edan nuli waras


8. Lamun ana wong kadhendha kaki

Wong kabanda wong kabotan utang

Yogya wacanen den age

Nalika tengah dalu

Ping sawelas macanen singgih

Luwar saking kabanda

Kang kadhendha wurung

Aglis nuli sinauran mring hyang

Suksma kang utang puniku singgih

Kang agring nuli waras


9. Lamun arsa tulus nandur pari

Puwasaa sawengi sadina

Iderana galengane

Wacanen kidung iku

Sakeh ama sami abali

Yen sira lunga perang

Wateken ing sekul

Antuka tigang pulukan

Musuhira rep sirep tan ana wani

Rahayu ing payudan.


10. Sing sapa reke bisa nglakoni

Amutiya lawan anawaa

Patang puluh dina wae

Lan tangi wektu subuh

Lan den sabar sukuring ati

Insya Allah tinekan

Sakarsa nireku

Tumrap sanak rakyatira

Saking sawabing ngelmu pangiket mami

Jeng Sunan Kalijaga.

Kasultanan Demak Bintara tampil sebagai penganyam peradaban agung. Bertempat di Padepokan Kadilangu, Sunan Kalijaga mbabar kawruh sangkan paraning dumadi. 

Generasi penerus perlu dididik. Ki Ageng Tarub mengajarkan ilmu cikal bakal bibit kawit wiji sejati. Lewat pernikahan Dewi Nawangsih dan Raden Bondhan Kejawan menurunkan para raja Mataram. Tradisi berlanjut terus. 

C. Mantra Momong Generasi Muda. 

Mantra Kinanthi Momong Putra berguna untuk menjaga keselamatan anak. Nyi Ageng Tingkir mengasuh Mas Karebet atau Joko Tingkir. Para guru kebatinan memberi ilmu kanuragan guna kasantikan. Misalnya Ki Ageng Selo dan Ki Ageng Banyubiru. 

Kelak Joko Tingkir menjadi raja Kasultanan Pajang pada tahun 1646. Dengan gelar Sultan Hadiwijaya. Dari Pajang lantas berlanjut pada era Kerajaan Mataram sejak tahun 1582. 

Penghayatan kidung mantra sakti dilakukan abdi dalem karaton Surakarta Hadiningrat tiap ada upacara adat. Mereka membaca kidung dengan penuh penjiwaan. Sambil merenungi makna hakikat hidup. 


Nganthiya Santreng liripun

lamun nuju tengah wengi

sutanira banget beka

nora meneng den neng nengi

nuli embanen mring jaba

nanging aja den wedeni.


Yen anangis lare iku

lelanen kalawan zikir

ya la ilaha ila’llah

la ilaha ilallahi

ya Muhammad Rasulullah

Muhammad Rasulullahi.


Winacaa puji iku

setane lumayu nggendring 

sarap-sawane suminggah

lara-larane sumingkir

cacing racak padha mendhak

kremi-kremi padha mati.


Pitik tulak pitik tukung

tetulaking jabang bayi 

ngedohaken cacing racak

sarap sawan pan sumingkir 

si tukung mangung kang ngarsa

tinulak bali ing margi


Ki jabang bayi puniku

kekasihira Hyang Widdhi

rineksa ing malaekat

den emong ing widadari

kinemulan ing Hyang Suksma

kinebutan para nabi.


Yen wus prapta prenahipun 

kokopen getihe nuli

bebalunge kemahana 

yen asu ajag wus mati

baliya maling aguna

reksanen si jabang bayi.


Sapa ana lungguh iku

aneng kiwaningsun guling 

apa simaling aguna 

kinongkon si maling sekti 

amburu si sarap sawan 

larungen jaladri.


Sapa ana lungguh 

iku aneng tengeningsun guling 

apa si maling aguna

kinongkon si maling sekti

amburu si sawan 

larungen marang jaladri.


Sapa ana lungguh iku

aneng daganingsun guling

apa si maling aguna 

kinongkon si maling sekti

amburu si sarap sawan

larungen marang jaladri.


Sapa ana lungguh iku 

aneng uloningsun guling

apa si maling aguna

kinongkon si maling sekti

amburu si sarap sawan

larungen marang jaladri.

Mantra ini diajarkan oleh Kanjeng Sunan Giri Parepen tahun 1543. Kanjeng Ratu Kalinyamat, Ratu Mas Cempaka dan Pangeran Timur sowan di Kewalian Giri. Dengan harapan putra wayah ginanjar anugerah berlimpah ruah.

Alam pedesaan Jawa berkumandang kidung mantra sakti. Semua hama pergi sirna. Tanaman timbuh subur. Masyarakat jadi makmur.

Babaran ilmu kasampurnan itu berkembang lewat peguron Syekh Siti Jenar. Dalam menempuh kehidupan perlu tahu hakikat sangkan paraning dumadi. Orang Jawa menyebut ilmu sejati.

Oleh Dr Purwadi M.Hum. Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA Hp 087864404347. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar