Jumat, 17 November 2023

TEMBANG MACAPAT CAPRES ANIES BASWEDAN - CAWAPRES MUHAIMIN ISKANDAR

 


I. Dhandhanggula Anies - Cak Imin


1.

Milih capres nomer urut siji,

Kaloka Anies Rasyid Baswedan,

Minangka calon Presiden,

Rakyat sami sarujuk,

Mrih jayane ibu pertiwi,

Nusantara gumregah,

Gumreget gumregut,

Wus manunggal cipta rasa,

wakil presiden kang pinaringan nami,

Muhaimin Iskandar.


2.

Capres wapres ingkang badhe pinilih, 

asma Anies Rasyid Baswedan, 

mumpuni kasarjanane, 

Sembada wasis tuhu, 

Pemimpin nusantara yekti,

Muhaimin Iskandar, 

Wapres jujur luhur, 

sinengkuyung sagung rakyat, 

Suka rena manggih basuki lestari, 

Indonesia jaya.


3.

Adhedhasar rekam jejak nguni, 

Anies Baswedan rampung makarya, 

dadya labuh labet gedhe, 

Mrih masyarakat makmur, 

cerdas bagas prigel mandiri, 

ing bumi nusantara, 

misuwur teratur, 

Cawapres Muhaimin Iskandar, 

Trampil rikat kebat lincah mitayani, 

mrantasi kabeh karya.


4.

Capres Cawapres sing nomer siji, 

Anies Rasyid Baswedan kuncara, darbe gegayuhan gedhe, 

Utama tekadipun, 

Cawapres ingkang angombyongi, 

Muhaimin Iskandar, 

Ampuh teguh tangguh, 

Watak tekun teken tekan, 

Pengalaman ngasta pakaryan negari, 

Berjuang kanggo rakyat. 


5.

Tumrap Capres Cawapres pinilih, 

Anies Baswedan ngugemi prasetya, 

kang kababar nalikane, 

bawa rasa rerembug, 

jroning ambabar visi misi, 

Nggagas nasibe bangsa, 

Gya ngrembuyung agung, 

Cak Muhaimin Iskandar, 

Ditresnani sakehing warga negari, 

kang wus paring amanat. 


6.

Muhaimin Iskandar lan Anies, 

Jalma utama kang kuncara, 

langkung eca nggalih entheng, 

amargi sababipun

sanak kadang lan mitra sami, 

kapilut lan gagasan, 

kang estu mituhu, 

dhateng darmaning satria, 

ingkang wajib ngreksa jejeging negari, 

rahayuning bawana. 


7.

Sagung dulur paring donga ugi, 

Capres wapres nomer siji nyata, 

Kaya mlathi rinonce, 

Wangi aganda arum,

Sumebar ing bumi pertiwi, 

Manjing jiwane rakyat, 

Kutha desa gunung, 

Tekad mbangun masyarakat, 

Sesarengan Anies Baswedan Cak Imin, 

mranata nusantara.


II. Pocung Anies - Cak Imin. 


1.

Rakyat syukur dhateng capres Wapres luhur, 

Mas Anies Baswedan, 

Cak Imin kang sarwa becik, 

Sampun kersa mandegani nusantara.


2.

Kanthi ngelmu berjuang sajuru juru, 

Mengabdi mring rakyat,

Capres Wapres nomer siji, 

Tekat waja kanggo bumi nusantara. 


3.

Mrih lestantun nomer siji gawe gumun, 

Capres Cawapres utami, 

Tekat kuat arep mbangun masyarakat. 


4.

Mula patut  Anies Baswedan gumregut, 

Capres pinercaya, 

Cawapres nama Cak Imin, 

Suka lila kanggo mulyane negara.


III. Kinanthi Anies - Cak Imin. 


1.

Capres cawapres rahayu, 

Anies Baswedan Cak Imin, 

Kang wus nyata manahira, 

Nalika tumandang kardi, 

Mligi kemakmuran rakyat, 

Aja lali nomer siji. 


2.

Capres cawapres lumaku, 

Njajah desa milang kori, 

Anies Baswedan berjuang, 

Cak Imin Wapres ngembani,

Sigra cancut taliwanda, 

Capres Wapres nomer siji. 


IV. Pangkur Anies - Cak Imin. 


1.

Masyarakat saknegara, 

Wus nyawiji milih Cak Imin Anies, 

Sinartan budi rahayu, 

Mupakat kanggo rakyat, 

Sarwa agung pasugatan adi luhung, 

Capres Cawapres minulya, 

Angsal urut nomer siji. 


2.

Capres warga nusantara, 

Anies Baswedan Cawapres Cak Imin, 

Maju terus pantang mundur, 

Tekat perjuangan, Mujudake masyarakat adil makmur,

Tata tentrem lan raharja, 

Nusantara bareng mukti. 


V. Sinom Anies Cak Imin. 


1.

Midering rat ngabdi rakyat, 

Adhedhasar jatidhiri, 

Dadi srana mbangun praja, 

Tatanan bener lan adil, 

Sumarah lahir batin, 

Rakyat sumurat sumurup, 

Capres Anies Baswedan, 

Miwah cawapres Cak Imin, 

Jroning cipta arsa bela nusa bangsa. 


2.

Capres Wapres kang minulya, 

Ingkang nomer urut siji, 

Pindha nasak wana wasa, 

Tumurun ing jurang terbis, 

Ngubengi jalanidhi, 

Sumengka angganing gunung, 

Sagung warga nusantara, 

Anies Baswedan lan Cak Imin, 

Samudaya lumaksita tyas raharja. 


3.

Sanggya warga nusantara, 

Arsa milih Capres Anies, 

Manggiha mulya widada, 

Ngesthi pemimpin sejati, 

Siap mucuki baris, 

Jejer panata satuhu, 

Minangka pengabdian, 

Cawapres Cak Imin ngudi, 

Suka bagya kanggo mulyaning negara. 


VI. Gambuh Anies Cak Imin.


1.

Capres nomere satu, 

Pancen iku dadi pilihanku, 

Anies Rasyid Baswedan sing sarwa becik, 

Cak Imin Wapres sing unggul, 

Bebarengan gotong royong. 


2.

Anies Baswedan ampuh, 

Muhaimin Iskandar sing tangguh, 

Capres Wapres angsal nomer urut siji, 

Maju terus pantang mundur, 

Nusantara gya mencorong. 


3.

Rakyat bersatu padu, 

Negarane bisa makmur maju, 

Anies Rasyid Baswedan mbangun negari, 

Muhaimin wakilipun, 

Pamimpin ingkang berbobot.


4.

Rakyat padha nyengkuyung, 

Negarane agung kang ngrembuyung, 

Milih Anies capres ingkang tambah manis, 

Muhaimin pilihanku, 

Capres Wapres paling cocok.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar