Rabu, 27 Desember 2023

MACAPAT MAHARGYA TAHUN 2024


I. 

Dhandhanggula 2024


1.

Bagya mulya tumapaking warsi, 

Tahun loro kosong loro papat, 

Mungkasi wulan Desember, 

Lelakon kabeh mungkur, 

Gumanti sasi Januari, 

Jumangkah ngarah langkah, 

Kayungyun nut kayun, 

Gumregut greget gumregah, 

Tembe wuri den upaya mrih basuki, 

Tata tentrem raharja. 


2.

Suka sukur janma ing sakbumi, 

Mapak tumibane tahun anyar, 

Siyang dalu enjang sore, 

Tumemen nggenya munjuk, 

Donga panembah pangastuti, 

Saperang wilujengan, 

Wisata lelipur, 

Olah gelaring kagunan, 

Aneng margi slompret mercon kembang api, 

Bungah marwata suta. 


II.

Pangkur 2024


1.

Dumadine warsa enggal, 

Sinambrama mawi puji astuti, 

Dhumawah tahun pat likur, 

Kawuri dadi dhasar, 

Jangka jangkah tatas titis tatag tutug, 

Lelandhesan pengalaman, 

Pakarti kanthi permati. 


2.

Gumyak sigrak jenak penak, 

Ulat patrap pangucap kedaling lathi, 

Wuwus pandonga panuwun, 

Sinartan gita karya, 

Barang kayun kebak purun datan kantun, 

Tenaga wektu pikiran, 

Untung tikel tekuk bathi. 


III.

Asmarandana 2024


1.

Tekun teken tekan prapti,

Loro papat rikat cukat, 

Tandang grayang nyambut gawe, 

Ngawe mapag penghasilan, 

Ngetog pikir jiwa raga, 

Dimen bisa urip cukup, 

Cundhuk cucuk cakep cekap. 


2.

Laku urip kudu lantip,

Timbangan jumbuh imbangan, 

Ibarat mlathi rinonce, 

Kawawas endahe jelas, 

Wangi aganda sumerbak, 

Kanan kering ngambet arum, 

Sadhengah wong parisuka. 


IV. 

Sinom 2024


1.

Sejarah terus lumampah, 

Dadi kodrate ilahi, 

Kanugrahan panguripan, 

Miturut lakune wanci, 

Jalma wajib nglakoni, 

Telu likur neng pat likur, 

Warsa gya lumaksana, 

Rinengga pakaryan becik, 

Sarwa bungah pasuryan terang sumringah.


Ngarep arep ngarah arah, 

Pakarti bakal nguripi, 

Miturut marang kabisan, 

Kang wus nate dipun gladhi, 

Tumukeng wasis titis, 

Samukawis didol payu, 

Nuli antuk pasaran, 

Laras laris gelis manis, 

Kecukupan mili deres penghasilan. 


V. 

Mijil 2024


1.

Kang kawuri kaca mawas dhiri, 

Gumeleng gumolong, 

Wancine aweh piwulang gedhe,

Cocok kanggo sangu urip benjing, 

Bebrayan katitik, 

Bareng makmur mujur.


2.

Sami gemi nastiti taberi, 

Rumaos wigatos, 

Tuku perlu etunge mangkene, 

Blanja irit ngecakake dhuwit, 

Aja morat marit, 

Trampil ngeguh butuh. 


VI. 

Gambuh 2024


1

Nempuh sabarang kewuh, 

Linambaran kawruh kukuh bakuh, 

Telu likur neng pat likur wus gumanti, 

Nyengkuyung tulung tinulung, 

Gugur gunung gotong royong.


2.

Siyaga aran urun, 

Udhu bahu suku lan panemu, 

Sambang sawang sambung srawung kerja bakti, 

Ewah ewuh sambat sebut, 

Katampa condhonging raos. 


VII. 

Durma 2024


1.

Kasembadan tenan kabeh gegayuhan, 

Jumbuh lan olah budi, 

Cipta rasa karsa, 

Sedya ambabar karya, 

Tahun pat likur den persudi, 

Tekat semangat, 

Murih gemilang kasil. 


2.

Tekat kuwat semangat waja mupangat, 

Ngaca dhiri pribadi, 

Tepak ing tumindak, 

Trep sinau belajar, 

Meguru priyayi winasis, 

Dwija utama, 

Sarjana rupa warni. 



VIII. Maskumambang 2024


1.

Telu likur pat likur tahune ganti, 

Ayo rowang dha tumandang, 

Sing gemi bisane bathi, 

Asil turah seleh manah. 


2.

Bakat bangkit patut lamun den rumakit, 

Pengalaman rinumpaka, 

Kareme kang mekar sari, 

Kembang cempaka mulya. 


IX.

Kinanthi 2024


1

Pat likur nambahi makmur, 

Tela puhung jagung pari, 

Bayem kakung kubis kacang, 

Kebo mendo ayam sapi, 

Pelem manggis sawo salak, 

Wisma wastra waras wasis. 


2.

Tanduran pala gumandhul, 

Pala pendhem pala kitri, 

Sumebar pala kesimpar, 

Pala wija angrenggani, 

Wus warata pala boga, 

Pala wastra gya cumawis. 


X. 

Pucung 2024


1.

Kang jinangkung tlatah kutha desa gunung, 

Tahun loro papat, 

Ginanjar berkah lestari, 

Suka lila raharja wong saknegara. 


2.

Desa gunung tandurane wis ngrembuyung, 

Tani among dagang, 

Tukang kondhang kadang seni, 

Nara praja sengkut anggone makarya. 


VI. 

Megatruh 2024


1.

Gelem gupuh wanuh aruh sagah suguh, 

Loro papat tahun apik, 

Tanduran agung ngrembuyung, 

Waton sregep amarsudi, 

Benjang sangsaya mencorong.


Sigra matur dhumateng para ngaluhur, 

Sesepuh guru peparing, 

Kawruh warah pituduh, 

Obor padhang kerlap kerlip, 

Jagat cahyane sumorot. 



Sugeng warsa enggal, 

1 Januari 2024


Purwadi. 

Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara, LOKANTARA. 

Hp 087864404347

Tidak ada komentar:

Posting Komentar