Selasa, 13 Juli 2021

Wilujengan Sastra Hadi kali Opak Prambanan

 

A. Tata Cara Wilujengan.

Wilujengan merupakan bentuk tata cara Jawa yang bertujuan untuk memperoleh kesehatan ketentraman dan Keselamatan. Kata wilujeng bermakna selamat.

Pada hari Rabu Wage, 7 Juli 2021 jam 12 dilakukan tata cara. Berupa wilujengan yang diselenggarakan oleh Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA. Bertempat di Kali Opak Prambanan. Tepat sebelah barat candi. Yaitu pelataran gedung tari ramayana.

Atas inisiatif para penghayat, sepakat untuk dibacakan kidung tolak balak. Terkait dengan pandemi corona yang melanda dunia. Wabah Covid 19 perlu segera diatasi. Pendekatan bisa melalui aspek medis, sosiologis, filosofis dan historis. Semua unsur digunakan secara bersamaan.

Aktivitas spiritual ini dipimpin oleh Drs Soemarsono. Tokoh pengajar ISI Surakarta ini turut serta. Pembacaan kidung diiringi dengan gender laras pelog. Meliputi pupuh tembang dhandhanggula, pangkur, sinom, kinanthi. Pupuh macapat dipilih yang bernuansa magis wingit. 

Suasana siang cukup lengang tenang. Ijin secara lisan diberikan oleh petugas candi. Pelaksanaan wilujengan setelah sholat Dhuhur. Kira kira 10 meter depan mushola Prambanan. Angin berhembus segar. Cuaca cerah, langit biru.

Pepohonan agrom ngrembuyung. Teduh segar sejuk. Air yang mengalir di sungai Opak terdengar gemericik. Benar benar pemandangan indah asri.

Suara burung berkicauan. Jalak, perkutut, manyar, derkuku, penthet, glathik beterbangan di lingkungan candi Prambanan. Sekali kali anak anak berlari lari. Mereka anak yang berasal dari desa Kebondalem. Riang gembira bermain kejar kejaran. Seolah olah corona tak dirasa. Imun terhadap kuman, kebal terhadap serangan benda agal.

Guru pensiunan dari Kabupaten Rembang bernama Pak Sutarjo. Ahli gamelan, tembang dan tari. Tiap kali ada pentas wayang purwa, Pak Tarjo dapuk sebagai penggerong kenamaan. Suaranya mantab nyaring merdu. Tari kiprah juga mahir sekali. Pacak gulu, seblak sampur dan trisik begitu megah gagah indah mewah.

Irama gender laras pelog keplok dengan vokal gerong. Thinthingan gender menuntun irama. Kecakapan nembang sudah teruji. Berhubung pengalaman jam terbang yang tinggi.


Kukusing dupa kumelun,

Ngeningken tyas sang apekik, kawengku sagung jajahan, 

nanging sanget angikibi, 

sang resi Kanekaputra, 

kang anjog saking wiyati.


Bahu dupa wangi menyebar ke kanan dan ke kiri. Dupa diletakkan di sebelah tumpeng. Ada ingkung, krupuk, pisang, lalapan, kuluban, tahu, kacang, tempe, telur. Diwadahi tampah senik besek.

Doa berkumandang dengan lafal pesantren. Singkat padat cepat. Disertai pula bacaan doa berbahasa Jawa, dengan harapan agar pageblug mayangkara segera sirna. Doa dipimpin oleh Pak Sutarno dari desa Gondangan Jogonalan Klaten.

Sekar sumawur diiringi tembang pangkur sesinggah. Bunga ditabur menuju tepi Kali Opak. Harumnya kembang melati, mawar, kenanga semerbak di pelataran candi. Air yang mengalir di Kali Opak seolah olah menyambut hangat doa harapan. Jumbuh ingkang ginayuh, sembada ingkang sinedya.

B. Waosan Kidung Kemakmuran.


BAGIAN I


PANGKUR WARAWEDHA SESINGGAH


Singgah singgah kala singgah

pan suminggah durgakala sumingkir

sing ngaama sing ngawulu

sing  ngasuku ngasirah

sing ngatenggak lawan kala sing ngabuntut

padha sira sumingkira

muliha mring asalneki


Ana kanung saka wetan

nunggang gajah telale elar singgih

kullahu barang balikul

setan lan brekasakan

amuliha mring tawang-tuwang prajamu

iblise ywa keri karang

rahman kulhu bolak balik


Ana kanung kidul sangkanya

nunggang gajah telale elar singgih

kullahu barang balikul

setan lan brekasakan

amuliha mring tawang – tuwang prajamu

iblise ywa keri karang

rahman kulhu bolak balik


Ana kanung kulon sangkanya

nunggang gajah telale elar singgih

kullahu barang balikul

setan lan brekasakan

amuliha mring tawang – tuwang prajamu

iblise ywa keri karang

rahman kulhu bolak balik


Ana kanung elor sangkanya

nunggang gajah telale elar singgih

kullahu barang balikul

setan lan brekasakan

amuliha mring tawang – tuwang prajamu

iblise ywa keri karang

rahman kulhu bolak balik


Ambalik marang awaknya

balik marang jasatira pribadi

balik kersaning Hyang Agung

tamat pasinggah setan

tulak sarap punika gantya winuwus

arane sarap den ucap

sagung kamasalah sami


BAGIAN II


DHANDHANGGULA RUMEKSA ING WENGI


Dhandhanggula


Japamantra kinarya palupi

Tinedhakan saking serat kekidungan

Minangka tulak sarike

Angalap berkahipun 

Kanjeng Nabi lan para wali

Poma sagung kang maca

Den samya tuwajuh

Lair batin sedyanira

Ing pangajab pikantuk nugraha asih

Ganjaraning Pangeran


Ana kidung rumeksa ing wengi

Teguh ayu luputa ing lara

Luputa bilahi kabeh

Jim setan datan purun

Paneluhan tan ana wani

Miwah panggawe ala

Gunaning wong luput

Geni atemahan tirta

Maling adoh tan ana ngarah mring mami

Guna duduk pan sirna


Sakehing lara pan samnya bali

Sakeh ama pan sami miruda

Welas asih pandulune

Sakehing braja luput

Kadi kapuk tibaning wesi

Sakehing wisa tawa

Sato galak lulut

Kayu aeng lemah sangar

Songing landhak guwaning mong lemah miring

Myang pakiponing merak


Pagupakaning warak sakalir

Nadyan arca myang segara asat

Temahan rahayu kabeh

Apan sarira ayu

Ingideran kang widadari

Rineksa malaikat

Sakathahing rasul

Pan dadi sarira tunggal

Ati Adam utekku Baginda Esis

Pangucapku ya Musa.


Napasku Nabi Musa linuwih

Nabi Yakub pamyarsa ningwang

Yusup ing rupaku mangke

Nabi Dawud swaraku

Jeng Suleman kasekten mami

Nabi Ibrahim nyawaku

Idris ing rambutku

Bagendha Ali kulit wang


Getih daging Abu Bakar singgih

Balung Bagendha Usman

Sungsum ingsun Patimah linuwih

Siti Aminah bayuning angga

Ayub ing ususku mangke

Nabi Nuh ing jejantung

Nabi Yunus ing otot mami

Netraku ya Muhammad

Pamuluku rasul

Pinayungan Adam sarak

Sampun pepak sakathahing para nabi

Dadya sarira tunggal


Wiji sawiji mulune dadi

Apan pencar saisining jagat

Kasamadan dening dzate

Kang maca kang angrungu

Kang anurat kang  anyimpeni

Dadi ayuning badan

Kinarya sesembur

Yen winacakna ing toya

Kinarya dus rara gelis laki

Wong edan nuli waras


Lamun ana wong kadhendha kaki

Wong kabanda wong kabotan utang

Yogya wacanen den age

Nalika tengah dalu

Ping sawelas macanen singgih

Luwar saking kabanda

Kang kadhendha wurung

Aglis nuli sinauran mring hyang

Suksma kang utang puniku singgih

Kang agring nuli waras


Lamun arsa tulus nandur pari

Puwasaa sawengi sadina

Iderana galengane

Wacanen kidung iku

Sakeh ama sami abali

Yen sira lunga perang

Wateken ing sekul

Antuka tigang pulukan

Musuhira rep sirep tan ana wani

Rahayu ing payudan.


Sing sapa reke bisa nglakoni

Amutiya lawan anawaa

Patang puluh dina wae

Lan tangi wektu subuh

Lan den sabar sukuring ati

Insya Allah tinekan

Sakarsa nireku

Tumrap sanak rakyatira

Saking sawabing ngelmu pangiket mami

Jeng Sunan Kalijaga.


BAGIAN III


KINANTHI MOMONG PUTRA


Kinanthi


Nganthiya Santreng liripun

lamun nuju tengah wengi

sutanira banget beka

nora meneng den neng-nengi

nuli embanen mring jaba

nanging aja den wedeni.


Yen anangis lare iku

lelanen kalawan zikir

ya la ilaha ila’llah

la ilaha ilallahi

ya Muhammad Rasulullah

Muhammad Rasulullahi.


Winacaa puji iku

setane lumayu nggendring 

sarap-sawane suminggah

lara-larane sumingkir

cacing racak padha mendhak

kremi-kremi padha mati.


Pitik tulak pitik tukung

tetulaking jabang bayi 

ngedohaken cacing racak

sarap sawan pan sumingkir 

si tukung mangung kang ngarsa

tinulak bali ing margi


Ki jabang bayi puniku

kekasihira Hyang Widdhi

rineksa ing malaekat

den emong ing widadari

kinemulan ing Hyang Suksma

kinebutan para nabi.


Yen wus prapta prenahipun 

kokopen getihe nuli

bebalunge kemahana 

yen asu ajag wus mati

baliya maling aguna

reksanen si jabang bayi.


Sapa ana lungguh iku

aneng kiwaningsun guling 

apa simaling aguna 

kinongkon si maling sekti 

amburu si sarap sawan 

larungen jaladri.


Sapa ana lungguh 

iku aneng tengeningsun guling 

apa si maling aguna

kinongkon si maling sekti

amburu si sawan 

larungen marang jaladri.


Sapa ana lungguh iku

aneng daganingsun guling

apa si maling aguna 

kinongkon si maling sekti

amburu si sarap sawan

larungen marang jaladri.


Sapa ana lungguh iku 

aneng uloningsun guling

apa si maling aguna

kinongkon si maling sekti

amburu si sarap sawan

larungen marang jaladri.


BAGIAN IV


SINOM SESANTI BANG WETAN


Sinom

Apuranen sun angetang

 lelembut ing nusa Jawi

kang rumeksa ing nagara

para ratuning dhedhemit

agung sawabe ugi yen eling sadayanipun

pedah kinaya tulak

ginawe tunggu wong sakit

kayu neng lemah sangar dadi tawa.

Kang rumiyin ing bang wetan


Durganeluh Maospahit lawan Raja Bahureksa

iku ratuning dhedhemit

Blambangan kang winarni

awasta Sang Balabatu

aran Butalocaya

kang rumeksa ing Kadhiri

Prabuyeksa kang rumeksa Giripura.

Sidagori ing Pacitan

Kaduwang si Klenthingmungil


Endrayaksa ing Magetan

Jenggala si Tunjungputih

Prangmuka Surabanggi

Pananggulan Abur-abur

Sapujagat ing Jipang

Madiyun si Kalasekti

pan si Koreb lelembut ing Pranaraga.


Singabarong Jagaraga

Majenang Trenggilingwesi

Macan-guguh Garobogan

Kalajangga Singasari

Sarengat Barukuping

Balitar si Kalakatung

Batukurda ing Rawa

Kalangbret si Sekargambir 

Carub awor kang rumaksa ing Lamongan.

Candi Prambanan menawarkan konsep kontemplasi kama arta darma muksa. Dalam budaya Jawa dikenal sembah raga, sembah cipta, sembah jiwa, sembah rasa. Tepat sekali para penghayat melakukan ritual dekat Kali Opak. Agar dunia ini aman damai.

Oleh Dr Purwadi M.Hum Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara 

LOKANTARA  Hp 087864404347 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar